Senin, 23 Maret 2015

Skenario Kethoprak Jawa

Dewi Ayu Praharsari Si Putri Sinderella
Dening : Noktavia



          Ing sawijining kadipaten yaiku Kadipaten Sekar Tirta, wonten Adipati kang nduweni anak wadon kang ayune kaya widodari saka kayangan. Gusti Putri Dewi Ayu Praharsari, yaiku anake Adipati Rama Praja lan Kanjeng Dewi Ratih. Dewi Praharsari mapan kalih rama lan ibune. Dewi Praharsari kui bocah sing ditresnani marang rama lan kanjeng ibu. Dewi Praharsari uga bocah kang becik budine lan bocah kang nresnani kewan.

Babak I
(Ing sawijining dina, ramane Dewi Praharsari ameh tindak kutha kanggo nyambut gawe. Ning kamar, Kanjeng Ratih ibune Dewi Praharsari nembe ngukuti rasukane Rama Praja sing ameh digawa menyang kutha.)
          Kanjeng Ratih       : “Nduk Praharsari cah ayu.... ndenea!!”
          Dewi Praharsari    : “Injih kanjeng ibu.” (banjur nyelehake serok lan sapu)
(Dewi Praharsari kang lagi ngrumat taneman ing taman, gage mlayu mlebu ngomah.)
          Dewi Praharsari    : “Wonten kersa menapa kanjeng ibu, ngantos nimbali Praharsari?” (sinambi ngusap kringet)
          Kanjeng Ratih       : “Ngene nduk cah ayu, Ramamu ameh tindak kutha, nyambut gawe. Kanjeng ibu nyuwun tulung rampungna gawean iki.” (menehke lempitan klambi)
          Dewi Praharsari    : “Sendika kanjeng ibu.”
(Kanjeng Ratih metu saka kamar banjur menyang pawon, amarga ameh ndamel unjukan kagem Rama Praja.)

Babak II
(Ana ing ruang makan, Dewi Praharsari, Kanjeng Ratih lan Rama Praja padha sarapan. Sawise sarapan Rama Praja siap-siap ameh menyang kutha bareng abdine. Sadurunge menyang kutha Rama Praja pamit ing teras)
          Rama Praja            : “Ratih garwaku lan Praharsari anakku, rama ameh tindak kutha koe padha ngati-ati ya.”
          Kanjeng Ratih &    : “Injih rama.” (swara bareng)
          Dewi Praharsari   
          Kanjeng Ratih       : “Kangmas ugi ngatos-atos. Ratih namung saged ndongaaken rama mugi-mugi diparingi sugeng rahayu.”        
          Rama Praja            : “Rama pamit.” (banjur Dewi Praharsari lan Kanjeng Ratih sungkem)
(Sawise Rama Praja pamit Kanjeng Ratih lan Dewi Praharsari sungkem marang Rama Praja banjur Rama Praja lan abdine menyang kutha nitih kreta.)

Babak III
(Seminggu sawise Rama Praja menyang kutha, Kanjeng Ratih ibune Dewi Praharsari gerah amarga serangan jantung.)
          Dewi Praharsari    : “Duh, kanjeng ibu kepripun saged dados ngeteniki?” (rupa sedih lan nangis)
Kanjeng Ratih       : “Praharsari anakku, mangko nak kanjeng ibu ditimbali kalih Gusti weling kanjeng ibu mung siji, dadiya bocah sing bekti marang agama, migunani kanggo bangsa lan negara sarta dadiya bocah kang bebuden luhur.”
Dewi Praharsari    : “Ibu.... ibu.... ampun ngoteniku, Praharsari ageng katresnane dumateng kanjeng ibu.” (nangis)
Kanjeng Ratih       : “Ibu wis ora kuat nduk cah ayu.....” (mripate merem lan wis ora ambegan)
Dewi Praharsari    : “Kanjeng Ibu.........” (njerit nangis)

Babak IV
(Kanjeng Ratih wis seda, Dewi Praharsari sedih amarga wis ora duwe ibu maneh. Rong dina sawise Kanjeng Ratih seda, Rama Praja kondor amarga garwane seda. Rama Praja kondor ora mung karo abdine nanging karo garwa enom lan anak wadon loro.)
          Rama Praja            : “Duh Gusti, menapa garwaku ingkang panjenengan timbali...?” (tangane ngantem tembok)
(Sawise jenazah Kanjeng Dewi Ratih dikubur, Dewi Praharsari, Rama Praja, Dewi Kartika lan anakke kumpul ana ing griya)
          Dewi Praharsari    : “Rama.... rama...” (mlayu saka taman sinambi nangis banjur ngekep Rama Praja)
(Dewi Kartika bojo enom nyeraki Rama Praja banjur melu nangis lan melu bela sungkawa lan nangis nangis tangise mung digawe-gawe ora saka ati.)
          Dewi Kartika         : “Kula ugi ndherek bela sungkawa kangmas, mugi-mugi Kanjeng Dewi Ratih ditampi ing sisi Gusti.” (sinambi nangis nanging digawe- gawe)
          Rama Praja            : “Matur nuwun dik Kartika.”
(Swara tangis sing digawe-gawe Dewi Kartika wis mandhek, nanging rupane dheweke njewewek sinambi mesam mesem. Dewi Praharsari uga meneng saka tangise, nanging Dewi Praharsari rada sujono marang Dewi Kartika yen Dewi Kartika kui nduweni niat sing ala.)
(Rong dina sawise kepaten, ing taman griya Kadipaten Nyong-Nyong Dewi Praharsari ketemu mbakyu tirine.)
          Dewi Praharsari    : “Sugeng rawuh mbakyu, kula Praharsari. Menawi sampeyan asamane sapa?” (rupa rada sumringah)
          Sekar Melati          : (Swara ketus) “Hemh... aku Sekar Melati” (“oalah iki to bocah lugu anake Adipati Praja saka Kadipaten Sekar Tirta” ing batin Sekar Melati)
          Sekar Kenanga      : (lagi ngupil) “Iyo... yen jenengku Sekar Kenanga adhine mbakyu Sekar Melati” (Mlaku mlebu griya bareng Sekar Melati)
(Anakke Dewi Kartika kui bocah wadon sing kurang tata kramane lan unggah ungguhe dadi sipate yo kaya mengkono.)     
          Ayu Harwida         : (Saka taman sisih liya Ayu Harwida mlaku rindik nyeraki Dewi Praharsari) “Duh, Gusti Putri Dewi Praharsari sing sabar... sing gedhe atine. Gusti ingkang Maha Kuaos bakal paring hikmah marang gusti putri. Aku mung bisa bantu semene gusti.”
          Dewi Praharsari    : “Matur nuwun Ayu Harwida, senajan koe mung anakke abdi koe wis tak anggep sedulurku dewe.” (mesem sumringah)
(Dewi Praharsari ngekep Ayu Harwida kanggo ngilangi rasa sedih.)

Babak V
(Seminggu uwis... Dewi Praharsari sithik saka sithik wis ora sedhih maneh. Amarga Dewi Praharsari wis ora sedhih maneh Rama Praja mutusake tindak kutha kanggo ngrampungake urusane. Rama Praja ora sumelang karo Dewi Praharsari amarga wis ana garwa enome lan sedulur-sedulur tirine Dewi Praharsari sing bakal njaga Dewi Praharsari.)
Rama Praja            : “Dik Kartika, kangmas tindak kutha yo. Sesuk rong pasar maneh kangmas kondor. Ngati-ati yo dik, aku titip anakku Dewi Praharsari.”
Dewi Kartika          : “Injih kangmas, Dewi Praharsari menika sampun kula angge putraku dewe. Kangmas ngati-ati.”
Rama Praja            : “Matur nuwun. Kangmas pamit.”
Dewi Praharsari     : “Rama......” (mlayu banjur ngekep ramane)
(Dewi Kartika, Dewi Praharsari, Sekar Melati, lan Sekar Kenanga padha sungkem marang Rama Praja. Sawise Rama Praja tindak kutha kahanan ing griya kadipaten beda lan berubah. Dewi Kartika dadi tumindak sakepenake dewe karo Dewi Praharsari. Apa maneh Sekar Melati lan adhine, kabeh gawean omah ora ditandangi karo para dayang nanging ditandangi karo Dewi Praharsari. Dewi Praharsari wis kaya batur ing griyane dewe. Uripe Dewi Praharsari katula-tula kaya wis tiba iseh ketiban andha.)
Dewi Kartika         : “E... bocah elek, saiki mangsak, lebar mangsak asah-asah banjur ngumbahi aja lali sumure diresiki. Lebar kui ora keno leren terus nyapu jogan karo latar, nak wis wayah sore lagi oleh madang. Padakke gratis po....?”
Dewi Praharsari    : “Injih bu.” (sinambi nangis sesegen amarga rambute dijambak karo Dewi Kartika)
Dewi Kartika         : “Siji yo bocah gendheng saiki mbok celuk aku nganggo sebutan Kanjeng Ndara Ayu Dewi Kartika. Mudheng opo ora?” (swara ganas kayadene macan ngeleh lagi mbaung)
Dewi Praharsari    : “Nanging ibu...”
Dewi Kartika         : “Iso opo ora nyebut ngono?” (swara nyentak lan tangan gawa gebug)
Dewi Praharsari    : “Injih ndara ayu.”
Dewi Kartika         : “Nha... lak ngono kepenak dirungokke. Susah banget.” (lambe japrut nganti keno dijenthir)
(Wektu Dewi Praharsari ameh ngumbahi Sekar Melati lan adhine nyentak-nyentak Dewi Praharsari.)
Sekar Melati          : “E...e...e ameh nondi koe cah elek. Iki gombalku dikumbah sisan sing resik nganti kinclong, awas nganti rusak.” (kanthi swara nyentak)
Dewi Praharsari    : “Inggih mbakyu.”
Sekar Kenanga      : “Apa...? mbakyu, he cah elek saiki aku karo mbakyuku iku mbok celuk kanthi sebutan kanjeng putri...!! Mudheng opo ora?” (swara nyentak rada kemayu)
Dewi Praharsari    : “Injih kanjeng putri.” (mlaku metu menyang sumur)
Sekar Melati         : “E...eh... ameh nondi koe? Koe ora keno ngumbahi ing sumur. Kono menyang belik ngumbahi. Banyu pam sumur kui kudu diwet-wet. Padakke ora bayar pajek opo?”
Dewi Praharsari    : “O...ow injih mbakyu, injih kanjeng putri.”
(Ana ing belik Dewi Praharsari ketemu karo Ayu Harwida mantan anakke abdine Rama Praja riyen.)
          Ayu Harwida         : “Aduh Gusti... wonten menapa niki? Menapa kanjeng putri nggirahi rasukan ten belik?)
          Dewi Praharsari    : “Ayu Harwida...” (nangis mrebes mili)
          Ayu Harwida         : “Kanjeng putri sing sabar njih, mugi Gusti paring hikmat. Kanjeng putri (swara alus lan lirih) kula angsal kabar yen Adipati Rama Praja kenging alangan lan sampun ditimbali Gusti.”
          Dewi Praharsari    : “Apa...? (kaget) ora nyata ta kabar kui mau dik Ayu? Ramaku iku tasih sugeng.”
          Ayu Harwida         : “Kula injih mboten percaya kanjeng, nanging iku kanyatane.”
          Dewi Praharsari    : “Duh Gusti, menapa ramaku panjenengan timbali...?”
          Ayu Harwida         : “Sing sabar atimu kanjeng, sing longgar pikirmu... ”
(Rama Praja wis seda. Dewi Praharsari sedhihe tambah pol amarga ibune wis seda banjur ditusul karo bapake.)

Babak VI
(Rampung ngumbahi Dewi Praharsari lan Ayu Harwida mulih. Ing ngarep griya kadipaten, Dewi Praharsari ketemu karo pengawal loro numpak kuda saka Kerajaan Medang Kamulan nggawa layang kanggo adipati ing Kadipaten Sekar Tirta.)
Pengawal 1           : “Menapa leres niki griya Kadipaten Sekar Tirta cah ayu?”
Dewi Praharsari    : “Injih, leres. Panjenengan sinten lan saking pudi? Wonten kersa menapa tindak teng Kadipaten Sekar Tirta?”
Pengawal 1           : “Kula prajurit saking Medang Kamulan. Perlu kula badhe kepangg Adipati Rama Praja.”
Dewi Praharsari    : “Ow... Ramaku sampun seda. Kula putrane Rama Praja, Dewi Praharsari. Lajeng wonten menapa panjenengan badhe kepangge                                         Rama Praja?”
Pengawal 1 & 2     : “Nyuwun sewu kanjeng putri.” (sinambi sungkem ing sangarepe Dewi Praharsari)
Pengawal 1           : “Kula mboten mangertos yen kanjeng menika putranipun Adipati Rama Praja.”
Pengawal 2            : “Perlu kita namung badhe nyaosaken layang pesta saking Kanjeng Prabu Dharmasena kagem kluarga Adipati Rama Praja.” (sinambi menehke layang)
Dewi Praharsari    : “Mboten dados menapa prajurit. Mantur nuwun.”
Pengawal 1 & 2     : “Kula nyuwun pamit kanjeng putri.” (sinambi sungkem)
Dewi Praharsari    : “Mangga.”
(Banjur Dewi Praharsari mlebu griya kadipaten, urung sida lungguh Dewi Kartika lan anak-anakke wis padha mbesengut. Amarga weruh Dewi Praharsari nampa layang saka prajurit kerajaan.)
Dewi Praharsari    : “Kanjeng ibu.... rama sampun ditimbali Gusti. Ku...”
Dewi Kartika         : “Aku wis ngerti. Layang apa kui? Kene wenahke aku.”
Dewi Praharsari    : “Niki layang saking Medang Kamulan ndara, badhe won.....”
Sekar Melati         : “Wis ora usah kakean omong, ndang caosna marang kanjeng ibu.” (nyentak)
Dewi Praharsari    : “Injih ndara ayu.” (sinambi menehake layang kanggo Dewi Kartika)
Dewi Kartika         : “O alah ndhuk cah ayu, iki layang kanggo awakdhewe yen awakdhewe iku diaturi tindak Medang Kamulan kanggo melu acara pesta golek pasangan sing dianakake Kanjeng Prabu Dharmasena kagem Pangeran Candrayudha.”
Sekar Kenanga      : “Waduh... kanjeng ibu, mbakyu... mesti aku bakal dadi garwane Pangeran Candrayudha.” (ngua-ngguyu kaya wong rawaras)
Sekar Melati          : “Aiyah... sapa sing omong? Sing bakal dadi garwane Pangeran Candrayudha kui mung aku, Sekar Melati sing ayu dhewe ing Kadipaten Sekar Tirta. Aku ki mbakyumu dadi sing mantenan kui yo dhisik aku.”
Dewi Katika          : “E alah uwis-uwis mbakyu adhi kok kaya kucing karo meong padha pating bleker.”
Sekar Kenanga      : “Kanjeng ibu, kucing karo meong iku apane?”
Dewi Kartika         : “Yo... yo padha. Wis ora usah kakean omong, ing layang iki pestane ameh jam sepuluh wengi. Ndang padha nyiapke klambi sing apik dhewe. Supaya mengko koe-koe disawang para tamu katon ayu kaya widodari.”
(Sore, sengengene wis bali ana omahe. Dewi Praharsari matur karo Dewi Kartika yen Dewi Praharsari kepengin nderek pesta.)
Dewi Praharsari    : “Ndara ayu yen kepareng kula ajeng ndherek, kula nggih ke.....”
Sekar Melati          : “Apa? Koe ki cah elek ora keno melu, ning griya wae. Koe ki ora pantes ing istana Medang Kamulan.”
Sekar Kenanga      : “Iyo bener kui, cah elek kok ameh menyang pesta. Mbok sawang rupamu kui.”
Dewi Kartika         : “Koe ora usah melu, ing griya wae. Apa maneh koe ora duwe sandangan sing wangun ora kaya anak-anakku. Saiki ndang resik-resik banjur cepakna sandangan kanggo menyang pesta.”
Dewi Praharsari    : “Nanging ndara ayu... kula nyuwun sanget diparengaken...”
Sekar Kenanga      : “Ora isa, apa koe ameh wangkal marang kanjeng ibu? Wis kana ndang mangsak dhisik aku wis ngeleh.”
(Tanpa swara Dewi Praharsari mlayu ning buri. Dewi Praharsari nangis sedhih amarga ora oleh melu menyang pesta. Ing taman buri Dewi Praharsari lungguh kursi cerak pager griya. Dewi Praharsari sambat marang Gusti, nanging ora let suwe Dewi Praharsari kaget amarga weruh cahya saka tembok pager kang digawe saka bata abang.)

Babak VII   
          Dewi Praharsari    : “Cahya apa kui? (sinambi ndumuk bata abang sing mancarke cahya) hah.... peti apa iki?”
(Dewi Praharsari kaget weruh peti ing jero tembok, peti mau dibuka banjur metu cahya kemrelip. Kanyata isine widodari sing dikutuk mlebu ana ing peti emas.)
          Widodari               : “Matur sembah nuwun cah ayu. Aku saiki wis uwal saka peti iku.”
          Dewi Praharsari    : “hoh.....” (mripate kriyip-kriyip) si.... sinten panjenegan?” (swara pedhot-pedhot)    
          Dewi Sasikirana    : “Aku widodari jenengku Dewi Megha Sasikirana saka khayangan sing dikutuk karo Ramaku, amarga aku nerjang aturan ing negaraku. Nanging saiki aku wis bebas, koe cah ayu wis ngualake aku saka peti iku. Pisan maneh matur nuwun.”
          Dewi Praharsari    : “Injih sami-sami kanjeng.”
          Dewi Sasikirana    : “Uwis ora usah nyebut kanjeng, celuk wae Dewi Kirana. Sapa jenengmu cah ayu?”
          Dewi Praharsari    : “Kula Dewi Ayu Praharsari.” (ngusap iluhe)
          Dewi Sasi kirana   : “Wengi kang padang bulan nganti kaya rina iki kena apa koe sedhih Dewi Praharsari?”
          Dewi Praharsari    : “Ngeten Dewi kula sek kepaten ramaku lan sakniki kula mbonten diparengaken kalih ndara ayu ibu kowalonku, tindak pesta ing Medang Kamulan. Kula sedhih Dewi....” (nangis)
          Dewi Sasikirana    : “O alah ngono, wis saiki ora usah nngis maneh. Saiki wis wengi ndang cepakna waloh karo kutut yen koe kepengin menyang pesta.”
          Dewi Praharsari    : “Ha... kagem napa Dewi?”
          Dewi Sasikirana    : “Ndang jupukna nduk....”
(Dewi Praharsari metik waloh ing buri lan njupuk manuk kutut ing kurungan.)
          Dewi Praharsari    : “Niki Dewi.”
          Dewi Sasikirana    : (tanpa semaur dheweke meneng, tangane ana ing dhadha kiwa)
(Ora let suwe banjur Dewi Sasikirana nyulap waloh karo kutut mau dadi kreta kencana sing wis ana kusire.)
          Dewi Praharsari    : “Duh Gusti....” (kaget weruh kreta kencana mau)
          Dewi Sasikirana    : “Saiki ndang mangkata, o iyo lali koe urung nganggo busana. Merema sedhela nduk.” (tangane ana ing dhadha kiwa maneh)
          Dewi Praharsari    : “Gusti... sae sanget busana niki. Matur nuwun Dewi. Busana lan sepatune niki sae sanget. kula ajeng tindak pesta.” (nguyu sumringah)
          Dewi Sasikirana    : “Iyo nduk cah ayu, nanging siji aja lali balia sakdurunge tengah wengi jam rolas. Amarga sihir iku mau mung bakal awet tekan jam rolas wengi. Yen jam rolas koe urung bali kedadian ala kang bakal kok temoni.”
(Dewi Praharsari gage menyang pesta.)
          Dewi Praharsari    : “Injih Dewi, matur nuwun sanget.”

Babak VIII
(Ing Medang Kamulan para tamu katon padha nyawang Dewi Praharsari nganti ora kedep, amarga ayune kaya widodari. Dewi Praharsari  mudhun saka kreta banjur digandeg karo Pangeran Candrayudha mlebu aula kerajaan.)
          Sekar Kenanga      : “Walah mbakyu, sapa kui ayune kaya widodari?”
          Sekar Melati          : “Alah... wis ora usah gumun, kro aku yo iseh ayu aku.”
          Dewi Kartika         : “Piye iki nduk, koe wis sida digandeng nari apa durung karo Pangeran Candrayudha?”
          Sekar Kenanga      : “Walah bu, ameh nari kepiye maneh. Aku karo mbakyu iku ora isa nari bu.”
          Dewi Kartika         : “Lha dalah piye to koe ki? Mung nari Kembang Bakung kok sambat.”
          K. Prabu Dharmasena     : “Kepiye Adipati Dewi Kartika, putramu wis nari karo Pangeran Candrayudha apa hurung? Menawa putraku purun karo putramu siji bakal tak dadiake ratu Medang Kamulan.”
          Kanjeng R. Nariswari      : “Iyo Adipati Dewi Kartika. Putramu bakal dadi mantuku.”
          Dewi Kartika         : “Nyuwun sewu gusti, kula seneng sanget. Kula Pangeran Candrayudha bakal milih setunggal putraku.” (mesam-mesem)
          Kanjeng R. Nariswari      : “Ya wis, aku pamit ameh tindak lenggahan.”
          Dewi Kartika         : “Injih kanjeng gusti ratu, sumangga.”
(Ing aula wektu Dewi Praharsari lan Pangeran nari Kembang Bakung ora krasa yen jam wis nunjuk ing angka rolas, amarga lagi padha ketaman asmara Dewi Praharsari lali karo pewelinge Dewi Sasikirana mau.)
          Pangeran Candrayudha  : “Cah ayu, sapa asmamu?” (kanthi mesem)
          Dewi Praharsari    : “Kula Dewi Pra.... (jam aula muni ‘theng...theng...theng...) duh Gusti......!!” (Dewi Praharsari banjur mlayu metu)
          Pangeran Candrayudha  : “Cah ayu... sinten asmamu? Aja mlayu... tunggu...!!” (mbengoki Dewi Praharsari banjur melu metu nututi Dewi Praharsari)
(Ing ngarep Istana kretane Dewi Praharsari wis bali ing wujud asline. Dewi Praharsari bingung ameh napa. Banjur Dewi Praharsari mlayu nanging wektu mlayu Dewi Praharsari kesrimpet sikil tengene nganti sepatune copot. Wektu ameh jupuk sepatu, Dewi Praharsari wedi yen mengko konangan Pangeran Candrayudha. Dadi sepatune ditinggal.)
          Pangeran Candrayudha  : “Duh... ana ngendi koe cah ayu...!!”
(Wektu mlayu Pangeran Candrayudha kesandung sepatu)
          Pangeran Candrayudha  : “Iki sepatune sapa? Apa iki sepatune cah ayu mau? Ya uwis sesok bakal tak anakake sayembara. Sapa sing duwe sepatu kiwa padha sepatu iki lan cocok dianggo kiwa tengen, iku  artine bocah wadon sing bakal tak dadiake garwaku.”
(Ing kamar, Dewi Praharsari wis maleh kaya wujud mau. Dheweke ora bisa apa-apa nanging mung isa nyimpen sepatu kiwane.)
          Dewi Praharsari    : “Sepatu tengenku ana ngendi ya?” (swara melas banjur turu)

Babak IX
(Esuke Pangeran Candrayudha lan abdi sarta para prajurit Kerajaan Medang Kamulan mubeng ana ing pirang-pirang kadipaten. Nanging ora ana sijia bocah wadon sing bisa nganggo sepatu kui mau. Geri sak kadipaten sing durung diparanilan  adipatine wong wadon yaiku Kadipaten Sekar Tirta. Ing griya kadipaten Pangeran Candrayudha ketemu karo Dewi Kartika.)
(thok...thok...thok... swara dhodhogan lawang)
          Dewi Kartika         : “Panjenengan sapa? Apa kersamu?”
          Pengawal 1           : “Kula pengawal Pangeran Candrayudha saking Kerajaan Medang Kamulan, wonten perlu madosi putranipun panjenengan kagem nderek sayembara ngagem sepatu tengen menika.”
          Dewi Kartika         : “O... ngono. Njih mangga mlebet rumiyen pangeran. Praharsari ndang gawekna suguhan....! cepet ora nganggo suwe. Sekedap pangeran kula timbali riyen putraku.”
          Pangeran Candrayudha  : “Injih sumangga adipati.”
(Ora let suwe Sekar Melati lan Sekar Kenanga metu saka kamar bareng Dewi Kartika. Dewi Praharsari uga metu ameh nyuguh Pangeran Candrayudha. Pangeran Candrayudha ora mandeng anake Dewi Karkita nanging malah mandengi raine Dewi Praharsari.)
          Dewi Kartika         : (mangkel) “Ndang sumingkir ing buri...!”
          Dewi Praharsari    : “Injih ndara.” (mlaku ameh ning buri)
          Pangeran Candrayudha  : “Adipati, sapa bocah wadon mau?”
          Dewi Kartika         : “O alah menika wau mung batur ing kadipaten iki pangeran.”
(Banjur Sekar Melati lan Sekar Kenanga rebutan ameh dhisik-dhisikan njajal sepatu kui mau. Nganti sepatu kui mau ameh rusak.)
          Sekar Melati                   : “E..e..eh kene aku dhisik sing njajal sepatu kui. Sepatu kui mung pas karo sikilku.”
          Sekar Kenanga      : “Ora isa. Aku dhisik mbakyu, koe ki sing tua ngalaha karo adhimu iki.”
          Sekar Melati          : “Kene aku dhisik.”
          Sekar Kenanga      : “Pokoke aku dhisik.”
          Pangeran Candrayudha  : “Wis wis wis ora kaya mengkono carane. Siji siji mengko sepatune jebol. Saiki adhimu sikik sing njajal banjur koe.”
(Wektu Sekar Melati lan Sekar Kenanga njajal sikile  ora gelem mlebu amarga sikile Sekar Kenanga keciliken lan sikile Sekar Melati gegeden kaya sikil bebek sing jeber.)
          Pangeran Candrayudha  : “Duh Gusti, wis ora ana wong wadon maneh sakliane putrane adipati kene.” (sedhih amarga kuciwa)
          Dewi Praharsari    : (metu saka pawon) “Yen kepareng kula badhe nderek njajal sepatu menika. Kula gadhah sing sisih kiwa kanjeng pangeran.” (nduduhake sepatune)
          Dewi Kartika         : “Eh... sapa akon koe oleh metu saka pawon? Sumingkira kana...”
          Sekar Mmelati       : “Iyo, ngendikane kanjeng ibu iku leres. Koe ora patut njajal sepatu apik kui. Ora mungkin koe duwe sepatu apik kui...!!”
          Pengawal              : “Wis kajenge bocah iki nderek sayembara. Dheweke yo wadon tur duwe sing kiwa, ing sayembara iki sapa wae oleh melu sing penting wadon lan duwe sepatu sisih kiwa adipati.”         
          Pangeran Candrayudha  : “Wis wis wis, saiki kajenge bocah wadon iku njajal sepatu iki. Ndang jajala cah ayu.”
          Dewi Praharsari    : “Matur nuwun, kanjeng pangeran.”
(Basan dijajal sepatu tengen kui mau pas dianggo karo Dewi Praharsari. Pangeran Candrayudha kaget olehe nyawang Dewi Praharsari amarga Dewi Praharsari maleh wujud dadi wong wadon ayu sing ana ing pesta mau bengi. Kabeh uwong padha kaget nyawang Dewi Praharsari sing ayune ora kalah karo widodari. Pangeran seneng amarga wis ketemu karo calon garwane.)
          Dewi Kartika         : “Hoh.... koe... koe...” (banjur semaput)
          Sekar Mmelati       : “Dadi sing mau bengi koe to Praharsari.” (swara pedhot-pedhot)
          Pengawal              : “Pangeran.....”
          Abdine                  : “Walah-walah ayune.... Kanjeng Dewi Ayu Praharsari...!!”
          Pangeran Candrayudha  : “Duh Gusti, matur sembah nuwun sampun nepungaken kula                                                 lan Dewi Praharsari calon garwaku.” (ngguyu mesem seneng)
          Dewi Praharsari    : “Kanjeng Pangeran Candrayudha...” (mesam-mesem)
          Pangeran Candrayudha  : “Iyo dik Praharsari. Menapa purun panjenengan kula dadosaken ratu ing Medang Kamula?”
          Dewi Praharsari    : “Injih kanjeng pangeran.”(manggut-manggut)
(Pangeran Candrayudha lan Dewi Praharsari tindak Medang Kamulan kanggo ketemu Kanjeng Prabu Dharmasena yen Pangeran Candrayudha wis nemuake jodhone lan ameh didadeake garwane.)
          Pangeran Candrayudha  : “Kanjeng Rama, kula sampun kepangge kalih calon garwa kula .”
          K. Prabu Dharmasena     : “Syukur yen ngono. Rama melu seneng le. Rama lan kanjeng ibu ngrestoni.” (sinambi mesem sumringah)
          Dewi Praharsari &           : “Matur nuwun kanjeng rama.” (sinambi mesem sumringah) Pangeran Candrayudha
(Ing panggung aula sisih kiwa nalika ngantene Pangeran Candrayudha lan Dewi Praharsari, abdi dalem saka Pangeran Candrayudha yaiku Ngadul lan Bagong lagi pentas ndagel kanggo ngrameiake kahanan pesta nganten calon raja ing Medang Kamulan.)
          Bagong        : “Dul, awan iki ana acara apa ta iki?”
          Ngadul        : “Walah koe ki ora ngerti? Iki ana acara syukuran.”
          Bagong        : “Syukuran apa dul?”
          Ngadul        : “Hambuh iki aku dewe uga ora ngerti e.”
          Bagong        : “Heh... ora pareng ngono kui dul.”
          Ngadul        : “Alah... alah iyo iyo gong. Iki sajake syukuran... syukuran...”
          Bagong        : “Syukuran apa?”
          Ngadul        : “Syukuran nyokorke sing duwe gawe paling dul.”
          Bagong        : “Weh... ora tata nak ngono kui dul. Mengko disengeni Kanjeng Prabu Dharmasena koe digantung po ra kapok. Yo nak sing digantung gulune, nak sikile piye dul.”
          Ngadul        : “Injih... injih... nyuwun sewu Kanjeng Prabu Dharmasena. (Sinambi mlenge) Hayo syukuran mantene Pangeran Candrayudha to.”
          Bagong        : “O ngono ta dul. Mulane kok rame banget ing aula iki.”
          Ngadul        : “Welah... yen ngono kapan le mati gong?”
          Bagong        : “Ha ora mati mati. Mengko nak mati menungsa sing kaya koe kelong ing donyo iki.”
          Ngadul        : “La pancen iyo. Gong....! gong...” (mbengok sero)
          Bagong        : “Napa ta dul?”
          Ngadul        : “Koe ki nyawang apa ta gong?”
          Bagong        : “Walah...walah...walah... dul dul nika lho garwane Pangeran Candrayudha, ayune... nganti kaya Widodari saka kayangan. We ayu Kanjeng Dewi Praharsari.”
          Ngadul        : “We... lha jelas to gong. Kanjeng Dewi Praharsari kui titisane widodari.”

          Sawise kui Pangeran Candrayudha lan Dewi Praharsari direstoni karo Kanjeng Prabu Dharmasena lan permaisurine, banjur dadi raja lan ratu ing Medang Kamulan urip kanthi mulya lan dadi raja lan ratu sing paling romantis saklawase. Banjur mbok kowalon lan mbakyu kowalone Dewi Praharsari urip dhewe-dhewe karo garwane ing Kadipaten Sekar Tirta.)



—TAMAT —

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

please give a good feedback